JENAT

TRANSINDONESIA.CO | Wong sing uwis ora ono utowo sing uwes sedo minongko diomongake le nyebut nganggo jenat utowo jenate. Uwong sing dikandakne wes dadi jenat iku tandane uwes almarhum. Pancen awak dewe ugo bakal ngalami tekaning pati, mbuh kapan iku kersaning Gusti.

Mulane akeh pitutur kang tansah gawe pangeling eling supoyo waspodo. Urip ora sak karep e dewe ananging iso nggowo paedah tumraping liyan. Urip iku mung koyo wong mampir ngombe. Iku nggambarake yen wektune cekak ora suwe. Wong mampir ngombe iku yo sakcukupe. Mulo urip iku kadang kolo malah nggrangsang ing kadonyan. Dadi murko ora ono cukupe.

Urip iku kersaning Gusti, mas picis rojo brono iku kanggo srono wae dudu tujuane urip. Kabeh mau bali marang Gustine. Ing sangkan paraning dumadi. Urip iku kadang akeh masalah sing gawe mumet malah malah iso gawe lali. Eling lan waspodo iku kanggo cekelane urip.

Eling marang Gustine, eling marang pepadane, eling marang alam lingkungane. Kuwoso wanito bondo iku biasane sing gawe lali. Iku dudu ngasorke kaum howo ananging iku kanggo tondo sanepaning urip.

Manunggaling kawulo lan Gusti iku nandakake eling marang Gustine. Ora banget bangey kabondo dening kabeh sing kadonyan. Kabeh mau yo sak cukup e, sak lumrahe. Mung ati kadangkolo karep sing kakean. Opo wae sik kliwatan iku ora apik.

Baca: TENIN

Kebat kliwat iku sing diarani kebamgeten tanpo dugo prayogo. Malah malah sok yo nggege mongso, mekso sakdurunge mangsane teko. Iku kabeh gawe lali. Gawe urip ora prasojo. Ora ketemu urip kang santosa. Nggrangsang nutupi pingining rogo anangin budi lan kautaman malah dilalekake.

Bab jenat mau yen dipikir lan kasunyatane:” bondo donya ora digowo mati”. Kabeh mau mung sawetoro. Urip ora usah rumongso paling, iku mesti nggapleki ora gawe enaking ati. Nek ra kemlinthi yo sambatan. Eling lan waspodo nglakoni urip singbsak madyo kabeh kudu disyukuri urip prasojoblan santosa.**

Kalibata 24 Mei 2021

Chryshnanda Dwilaksana

Share
Leave a comment