NGOPI

TRANSINDONESIA.CO | Tembung ngopi iku artine ngombe kopi. Ananging minongko awake dewe gelem ngrasakake bab sing luweh jero maneh babagan ngopi iku iso didelok soko kiroto bosone. Ngopi podo karo ngolah pikir. Ora sak dermo ngombe wedang, ananging ogo ono sing dipikirake. Ngopi iso ugo ngosongake pikir, gaye lereming ati, nglaras sinambi leyeh leyeh.

Wongngopi iku ora koyo ngombe omben ombenan liyane waton glegak glegek. Kopi pancen ono aromane, lan rasane kang gawe pikiran dadi iso cespleng anggone mikir. Ngopi iku golek suasono kan asri ngangeni kang iso dienggo leyeh leyeh. Kabeh mau kunci ngon ngopi ono panggonan singbiso kanggo nglaras, kanggo jagongan crito mrono mrene opo wae nyambung.

Ngopi ikubsimbol komunikasi seko pinggiran ndalan nganti ono ing pasamuan agung. Kopi disruput aromane karo rasane. Aromane iku gawe mbun mbun rasane dicucup cleeepppp nang dodo ugo nyesss. Gek rosone pahit pahit piye. Campuri opo wae oke iso nganggo susu, santen, ndog madu, gulo opo wae oke. Pancen kopi iku ono toto carame lan ono critone. Toto carane iku singbgawe drajat ngombe kopi dadi klangenan. Critone maneko warno seko daerah daerah ngendi wae iso gawe nyamlenge ngopi. Ngopi nganggo pacitan opo wae yo oke, seko telo godog, tahu goreng, tempe bacem nganti roti. Ngope pancen dadi sambunging ati. Wong mgopi ora ono sing mendemi. Ngopi iku gawe bungah sanajan ati agi susah.

Baca: JENAT

Babagan ukoro ukoro ngopi yo iso diolah dadi opo wae sing seko lucu nganti sing mikir pindo. Umpamane : ngopi kang ben hepi, ngopi ngopi ngopi, ngopi pinggir kali yen atine hepi susahe lali, ngopi cankir blirik wis atine hepi isih iso plirak plirik, nandangi garapan ora perlu isin, lansak panunggalane.

Kopi pancen iso diolah opo wae. Banyune diombe ndeg ndegane digawa nggambar yo iso. Lukisan seko kopi yo maneko warno. Warnane menarik monokrom. Ngopi pancen gawe bungahing ati. Malah ono sing miralake :” wes ngopi durung ?”. Eman yen ora do nyengkuyung kopi kopi nuswantoro dadi eloking bongso. Kopi dudu koplak pisan ananging kopo opo opo iso.  Ing semono ugo nanggone program masdarwis (masyarakat sadar seni budaya lan pariwisata) ngopi yo dadi simboling semangat :” sak anane sak isane iso kanggo urip lan mguripi”. Amargo ngopi nganggo opo opo iso.

Klesetan Isuk
Jakarta 25 Mei 2021

Chryshnanda Dwilaksana

Share
Leave a comment