Seni Seko Omah

TRANSINDONESIA.CO | Omah iku kanggo manggon, kanggo paleremaning menungso, kanggo urip bebarengan ono ing kaluargo. Omah iku dadi tandaning urip lan panguripan. Omah sing dienggoni uwong iku ono howo kamanungsane. Omah sing suwumg ora tau diresiki rusak ora didandani iku iso diarani angker njur dadi panggonaning demit opo lelembut.

Semono ugo manungso awak iki dadi omahe batin. Lahir iku utusaning batin. Yen awak ora dirumat opo malah suwung utowo rusak ora didandani mulo isine iso ugo dudu awake dewe mau. Iso iso malah dienggoni golongane prajiman lelembut. Awak iku omahe roh kang Gusti paring kanggo awakke dewe urip. Mulo ananing budi pekerti, agomo, pasinaonan iku kabeh gawe mulayaning manungso lan kamanungsane. Yen urip wes lali ngrumat marang awake iku akibate yo biso gawe lali marang kamanungsan ugo.

Bab omah pancen bedo bedo iso dadi maneko warno variasine. Ono sing tradisonal ono sing modern ananngin kabeh mau peinsipe podo kanggo palereman urip lan kanggo panguripan.

Baca: ANYEP

Semono ugo awak e dewe ngrumat awak iku ugo warno warno model watak wantune, ananging prinsipe jan jane podo rogo wadah sukmo. Ono ing kono sukmo iku iso dipecah meneh ing pikir lan ati . Urip pancen kebak pakaryan lan kewajiban. Aku dadi eling soko syair e Kahlil Gibran lan ugo Rabindranath Tagore sing loro lirone podo dadi pejuang kamanungsan. Intine mengkene :” sakjroning turu aku ngimpi yen urip iku kabungahan. Sajroning tangi aku meningi yen urip iku kuwajiban. Sajroning tandang  aku meningi kabungahan”.

Omah iku pancen gumantung seko sopo sing manggoni. Urip manungso ing kamanungsanane iku kebak kuwajiban. Sak nyatane pancen mengkono. Ananging yen kuwajiban ditumindakake mulo entuk kabungahan. Kabungahan kewarasan nglakoni kuwajiban, gedene roso syukur iku biso dibangun soko omah. Mulo ono sing ngandakne yen kabeh mau seko omah. Omah umum e enek kaluargo. Yen pribadi yo seko awak e dewe. Mensana en corpore sano, nang awak sing sehat bakal ono sukmo sing waras. Podo ugo omah sing sehat mulo uwonge lan keluargane yo sehat.

Wong urip bebrayan dikandakne wong omah omah. Dasar kabeh mbangun bongso lan megoro yo seko omah. Peradabaning bongso iku yo seko omah. Pramilo omah iku yo simboling seni budoyo. Yen kabeh mau ono kesadaran nguwat ngrumat omah kanti seni jan jane iku dasarane peradabaning bongso.

Omah ditoto diupoyo ono roso seni. Omahku galeriku. Ora kudu larang ora kudu nggo barang2 sik ra umum. Gawe wae opo anane sing ono mang kiwo tengen awak dewe. Awak dewe duwe opo sik ora kanggo ya iso digunakake. Pancen nek sing seneng nyonto krenteg e ngenteni kancane. Sing wes wani iso mulai nyontoni. Pancen yo sak anane sak isane, sing perlu nyali. Kanggo noto omah noto lingkungan wani nanduri wit2an nanduri kembang, sukur sukur wani menehi jeneng.

Akeh conto koyo : omah budi, wot watu, omah eling, kampoeng semar, dapur uwak, gubug emprit lan liya liyane. Monggo dipun cobi dipun raosaken lahir utusaning batin, seni iku simboling warasing urip lan panguripan.**

Jakarta
22 Mei 2021
Chryshnanda Dilaksanakan

Share