ANYEP

TRANSINDONESIA.CO | Anyep iku ora ono rasane. Ora asin ora legi ora asem ugo ora pahit. Anyep kerep diarani cemplang. Kabehbpanganan kanggo diet kanggo uwong sing loro gulo, panganan sing anyep malah dadi srono. Kabehbmau pancen yo mung roso. Roso mung tekan pucuking telak medun gulu gleg wes mbuh ra jelas meneh. Bab urip nang ndonya yo ugo koyo mengkono kabeh sarwo winates. Nang ndonya iki ora ono sing tanpo winates. Mulo kabeh podo eling ojo nganti lali. Lali iku ora kelingan. Wong sing ora kelingan opo opo iku diarani wong sing lali utowo edan. Mulo eling iku pancen dasaring kanggo wong waras. Ora jumowo ing gebyaring ndonya. Pangkat drajat mas picis rojo brono duwit murah mareh gawe lali. Lali marang pepadane, lali marang keluargane, sok sok malah lali marang Pangerane. Rumongso kabeh sarwo biso sarwo ono sabdo pandito ratu. Lali yen kabeh winates kudu gentenan. Yen wes tekan titi wancine kabeh kudu gentenan. Nganti urip nang alam ndonya iki yo gentenan.

Yen bali ing babagan anyep mau, anyep iso didadekake pangeling eling. Ngilangake roso mangkel, iri, srei, ngasorake liyan, kemaruk lan sak pinanggalane. Wong sing wani poso mutih iku wani nganyepke urip e. Wani weing ing pikir, wani maneges, wani ngakoni lan ndandani lupute awake dewe. Wong sing wani nganyep iku urip e biasane tentrem. Ora gampang nyelathu. Ora gampang ketaton. Wong sing ora pandakkan biasane njur kemlinthi kabeh rumangsane nang ngisore selangkangane. Ngasorake liyan mendel2i malah katon menghakimi. Yo pancen sing gawan bayi yo ora gampang dikandani. Ananging yen wani nganyep iku wami ngilo githok e dewe. Wani tumindak ngresiki atine dewe ora gampang ketaton lan ora gampang gawe tatuning liyan. Wong sing eling mesti duwe roso kanggo empati melu ngrasakne loro laraning liyan lan ngupoyo gawe senenging liyan. Ora gampang ananging yen iso ditumindakake bakal elok urip e. Yo sak ora orane ora gawe tunaning liyan. Esem e gawe adam, ulat e ora peteng, caturane yo gawe bungah.

Anyep pancen ora enak sak kabehane seko roso nganti regane wae malah malah iso luwih larang. Anyep iku mau kanggo pangeling eling supoyo urip iku waras lan iso terus gawe guyub rukun. Melu nyengkuyung melu nggetih kanggo pepadane. Urip iku kudu ono lelabuhane ora ono lelabuhane ora ono gunane. Urip iku ananing mung winates. Kabeh mau perlu dibangun kesadaran soko awak e dewe. Ati sing duwe kretek lelabuhan kanggo pepadane iku dudu medun soko langit, ananging soko eling mau. Seko wani prihatin, duwe roso syukur sing gede. Lan ati sing ora bodhol yo iku ati sing ora gampang ketaton lan caturan kang gawe bungahing liyan ora gawe tatuning liyan. Seko roso anyep iku iso gawe ayeming ati, nyepi ing pamrih. Wes yo sesuk ditutukake meneh.

Jakarta Swasono Anyep
22 Mei 2021

Chryshnanda Dilaksanakan

Share