TENIN

TRANSINDONESIA.CO | Kanggo ndudohne babagan sing penting utuwo supoyo ketok yen tenanan ora ono gorohe ing boso jowo iku yo ono model hiperbola. Munjul munjulke seko kahanan sing saknyatane.

Tenan dadi tenin, bunder kepleng, abot dadi abut, duwur iso dadi penthit. Pancen ing babagan boso iku intonasi yo penting. Opo meneh nganggo logat sing medhok. Coro wicoro pancen kudu dirasakne. Boso jowo iku ono unggah ungguhe. Ono kelas kelase priye kanggo uwong sing luweh tuwo priye kanggo sepodo podo kabeh mau angel di tulis ananging perlu dipraktekake. Opo maneh bab dik hiperbola mau. Kabeh ukoro ono variasine singbdong dong ora ono nang pamulangan ananging sing diajak omong kok yo biso ngerteni. Anteng methekut, ireng ndetheng, ireng njlanges, wonge koplak, ilate landep, matane koyo kotes, malah malah yo iso sing ngarani ambune seko prengus badeg bacin lan sak panunggalane.

Baca: ANYEP

Minongko ngrungokale wong wong crito pancen kadang kolo gawe kemekelen dewe. Anggone crito ngethuprus koyo yak yak o diyak i luput. Lha crito bab mancing wae iso le ndongeng nganti ndakik ndakik. ” aku ki mancing iwak ananging iso entuk manuk. Koncone yo banjur nyelathu : ora mungkin.” Iki tenin lho”. Saking tenane dadi tenin. Aku tetep ora ngandel. ” ngene iki lho cah yen rodo koplak angel le njelaske. Aku mancing nang ngisor uwet. Ak yo ra mikir nang nduwur uwit ono manuk cucuk urang. Manuk sing seneng mangan iwak. Bareng pancinganku kroso ndredet det det det ono iwak kang mangan pancinganku. Pancingku tak sendal banter. Senar karo iwake rak njur mumbul to. Dumadakan kok iwak e di saut manuk mau. Pas tekan nang ngarepku lha kok dudu iwak malah dadi manuk”. Kancane banjur mlayu cekikikan lha wong ndobos kok kenemenen nganggo tenin2 barang.

Baca: Seni Seko Omah

Bab boso iku pancen yo gawe nalar mlaku doyo ing imajinasi lan pengetahuan iso berkembang mergo boso mau.ing boso jowo senajan angel lan akeh variasine nanging yen dikulinakake yo dadi lanyah dewe. Rasah nggo mikir priya priyene. Koyo wong nek wes iso ngepit yo mblandang wae nglencer nang endi wae biso. Semono ugo bab boso jowo. Iku salah sijining budoyo lan iku ugo kayaning bongso. Mulo kudu diuri uri kudu dienggo. Ojo mungbdipasrahake marang poro dalang lan sak perangkate. Kabeh kudu ono roso handarbeni. Lan mulat sariro hangrosoweni. Pancen kabeh perlu proses ananging yen angel banjur diinggati soyo suwe yo ilang anak putu kari nunggu dongengane wong monco.

Surup Ing Jakarta
23 Mei 2021

Chryshnanda Dwilaksana

Share