Jula Juli Watu Akik

Ilustrasi
Ilustrasi

TRANSINDONESIA.CO – Sakiki zaman setres, uwong-uwong akeh sik ubet, golek dalan padang timbangane gawe ruwet. Lungo nyang pasar gedhe tuku dawet sarunge mlorot jebul ga nganggo cawet.

Nang latar akeh larahan

Larahane di eker pitik

Saidi sinau nang sekolahan

Ora mangkat malah nggosok akik

Nang endi endi do mbahas watu

Ora perduli nag tengah prapatan

Ndase do ngelu mergo ngolek watu

Watu ijoo jeneng e bacan

Watu bacan larang regane

Jare sampak juta juta an

Aduh duh sampek panas dadhane

Amargo mikir batu bacan

Mangan kacang ojo sak kulite

Nek nylilit gawe loro untu

sentolop saiki kancane

Nyentolopi dasarane watu

Anak wedhus di cakot klabang

Keseleden ngandi mendelik

Watu kali warnane abang

Digosok gosok nang ndukur dingklik.(CDL-Jkt01115)

Penulis: Chryshnanda Dwilaksana

Share
Leave a comment